Jamu

Jinisé Jamu, seger lan séhat

Jamu yaiku obat tradhisional kang bahane saka tuwuhan, upamané saka oyot, godhong, woh, lan kulit kayu sawijining tuwuhan kang kena kanggo nambani warna-warna lelara.[1] Pèrangan wit-witan mau ana sing diolah kanthi digodhog lan ana uga kang dipangan mentah.[1] Wong Indonésia wis ngerti jamu nalika pirang-pirang abad kapungkur. Kang sepisanan jamu mung ana ing kupêngan kraton utawa pura, yaiku ing Kasultanan ing Yogyakarta lan Kasunanan ing Surakarta.[1] Jaman biyèn jamu mung dingerténi ing kalangan kraton lan ora éntuk disebarake ing masarakat njaba kraton.[1] Nanging kanthi owah ginsiring jaman kang saya suwé saya maju, jamu bisa diajaraké ing masarakat njaba kraton, saéngga masarakat njaba kraton wis akèh kang bisa ngracik jamu dhéwé.[1] Prastawa iki kang ndadékaké jamu ngrêmbaka lan digawé ora mung wong Indonésia nanging uga payu ing mancanagara.[1] Kanggoné masarakat Indonésia, jamu iku resép turunan saka leluhur kang kudu dijaga lan dingrêmbakakaké.[1]

  1. a b c d e f g [1](dipunundhuh tanggal 31 Maret 2011)

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search